Trecep banyu udan patung trenyit dak rasake
Memba tirta kamulyan mung kang rinenggo kerikil neng sikil
Sitik mbaka sitik
Tumetesing luh tan gremicik
Ning keno kanggo nelesi ati kang tansah kemrikit
Sinoman ngremboko sauntara
Senadyan ora manut panggonan
Sopo sing bisa ngluwari?
Janma sadermo nglampahi
Kanthi pepinginan mligi saking ingkang Kersa dumadi
Garis urip kang kudu diliwati
Aku mung sadermo mituruti
Sing dadi titahe Gusti
Kanthi panyuwunan supados Mukti
Awit naliko semono
Tekane titi wanci sing dienteni
Ngrumangsani rasa ora lali
Dalan-dalan wis nate dipungkasi
Septono
Memba tirta kamulyan mung kang rinenggo kerikil neng sikil
Sitik mbaka sitik
Tumetesing luh tan gremicik
Ning keno kanggo nelesi ati kang tansah kemrikit
Sinoman ngremboko sauntara
Senadyan ora manut panggonan
Sopo sing bisa ngluwari?
Janma sadermo nglampahi
Kanthi pepinginan mligi saking ingkang Kersa dumadi
Garis urip kang kudu diliwati
Aku mung sadermo mituruti
Sing dadi titahe Gusti
Kanthi panyuwunan supados Mukti
Awit naliko semono
Tekane titi wanci sing dienteni
Ngrumangsani rasa ora lali
Dalan-dalan wis nate dipungkasi
Septono
Komentar
Posting Komentar